Cuap-cuap ....... ek deh

Maem minggu gak metu mlaku-mlaku
Malah nang labkomp rak jelas nasibku
Padahal nang lab yo kurang turu
Nganti mripat rasane keju

Pingine sih nggarap tugas
Tapi rak duwe roso sing pas
Dipikir pikir yo ra nggagas
Akhire malah nang awak rak waras

Pingin bali wis rak wayahe
Pingin nge-game rak ono kancane
Pingin turu kok ra rame
Akhire ngetik-ngetik sak karepe dewe

Yo wis ngene iki uripe cah rak nggenah
ceritane sih meh pindah omah
Setu malem minggu rak tau bali omah
koyo bocah sing rak duwe omah

Comments

Popular posts from this blog

Puisi Cinta versi Anak Accounting...

Humor Sore...

Istri Shalehah