Posts

Showing posts from April, 2007

Cuap-cuap ....... ek deh

Maem minggu gak metu mlaku-mlaku Malah nang labkomp rak jelas nasibku Padahal nang lab yo kurang turu Nganti mripat rasane keju Pingine sih nggarap tugas Tapi rak duwe roso sing pas Dipikir pikir yo ra nggagas Akhire malah nang awak rak waras Pingin bali wis rak wayahe Pingin nge-game rak ono kancane Pingin turu kok ra rame Akhire ngetik-ngetik sak karepe dewe Yo wis ngene iki uripe cah rak nggenah ceritane sih meh pindah omah Setu malem minggu rak tau bali omah koyo bocah sing rak duwe omah

AAAAAAAAku ngeleh karo ngantuk??`

sirah puyeng kurang turu mah dah biasa, weteng luwe koyo rak mangan seminggu mah yo wis biasa tapi nak nganti sim iku wis dadi iku hal sing sangat sangat biasa..... yo wis-wis rak sah mbahas sim maneh, karo ngenteni cah2 tuku mangan tinggal ngeblog sediluk yo, sekali sekali meh dadi cah ceriwis, yo wisss... saiki meh mgomong opo ya? kiro-kiro mengko makan siang sing ditukokke kancaku opo ya? ehm... pertama mesti ono segone, nek biasane sih yo ketemune pecel, saben dino mangan pecel. kon rak kurang darah piye... T_T terus ditambah esteh anget pincuk ... ^^. regane 4000, mbuh kuwi turah opo kurang aku rak reti sing mesti akeh kurange yo nek ngono kancane iki akeh njaluj sepurone yo... weleh-weleh malah ngomongke pakanan tok, mending karo ngenteni solat sik wae...., heeh. mendekatkan diri karo sing nggawe urip. soale akeh dosane... yo wis cukup semanten mawon,

Semangat '45

satu dua satu dua satu dua..... ayo semangat!!! huh.. kerjaan gak kelar kelaar, selese satu tumbuh seribu , marake males, ngrepoti, pembunuhan karakter....opo maneh ya? wis pokoke yo ngono kuwi lah. pak guru karo bu guru yo ngono ok, kerjaan koyok ngene yo diserahke muride, pemaksaan banget, nak rak dadi mengko didukani, malang temen nasibku.... T_T nek pas semangat ngerjake tugas, e.... malah ono setan-setan, virus lan sak bangsane nyerang koyo to Gunbound, Winning Eleven, Need4speed Underground karo liya-liyane... la terus meh piye maneh jal, waktu kurang seminggu kudu dadi, rampung, kelar alias selese, direwangi nginep nang skul ketemune yo podo wae, rak ono bedani.... yo wis aku njaluk dungo wae mugo-mugo iso kelar rampung pas waktune yo... suwun-suwun

Pembukaan ..... (tapi dudu UUD lho)

walah-walah.... aku meh posting opo ya, blogku sing disik wis kakehan posting, mbludag-bludag nganti rak ngerti postinge isine opo wae, kabeh dadi draft males mocone... ^^ lha saiki meh mulai soko awal maneh ah... nyobak-nyobak posting sing teratur... mungkin ya diurusi seminggu pisan (nak rak lali). biasane pertama-pertamanan iku sih semangat tapi mengko nak wis rong menit kemudian mesti wis males... yo ngono kuwi sifate menungso, mungkin iki cuman sifatku yo... halah malah mbahas..sing ora-ora, intine blogku sing lawas wis tak hapus meh tak ganti sing anyar... postingane sing wis akeh aku rak urusan sing penting wis ilang kabeh, rak nyepet-nyepeti mripat.... wis-wis saiki tak nyatakke sawise menimbang karo mengingat, blogku mulai sing anyar di luncurke .... tok tok tok..... palu diketok .. sah? ........ saaaaaaaaaaaaah.